ahya's photos

ahya's photos
wonogiri jaya

Selasa, 13 Maret 2012

Pidato Bahasa jawa

Perpisahan



Assalamualaikum wr.wb

Bapa/Ibu Guru ingkang kula bekteni
Rencang-rencang sedaya ingkang kula tresnani
Minangka purwakaning atur samangga kula-panjenengan sedaya senantiasa ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung. Inggih awit rumentahing sih berkah, satemah ing kalodhangan punika kula-panjenngan sedaya ngempal wonten ing pawiwahan ‘perpisahan” kanthi bagas waras.
Ingkang sapindah sugeng rawuh dhumateng Bapa/Ibu guru kalian rencang-rencang sedaya. Kanthi karawuhanipun panjenengan pawiwahan punika saged kasembadan kanthi sae.
Bapa/Ibu guru ingkang sunubeng pakurmatan
Wonten ing pawiwahan perpisahan punika kula pikantuk wekdal kangge ngaturaken  panuwun ingkang sakalakung ageng dhumateng Bapa/Ibu guru sedaya. Kanthi jasa panjenengan sedaya kula pikantuk kawruh ingkang migunani tumrap kaluwarga, bangsa lan nagari. Jasa-jasa panjenengan punika ingkang salaminipun mboten dumakal kula icalne saking manah kaliyan pikiran kula. Kula inggih ngaturaken pangapunten sakalakung ageng dhumateng Bapa saha Ibu guru sedaya  menawi kula gadhah kaluputan ingkang kathah salami kula dados murid ing SMP N 1 Baturetno .Kula inggih nyuwun pangapunten menawi kula mboten saged wales jasa panjengan ingkang kathah,nanging kula naming saged ndonga mugi-mugi jasa panjenengan dipun wales Gusti Allah lumantar rezekinioun sae, kaliyan tinetep awrit muda. amiiin
Rencang-rencang ingkang kula tresnani
Ing wekdal punika kula inggih pikantuk wekdal kangge ngaturaken ‘ucapan perpisahan”. Kalian nyuwun pangapurane menawi kula duwe luput menyang rencang-rencang sedaya ingkang sengaja utawi mboten sengaja salami kita kempal asring geguyon, asring rerebut jajanan , dolan bebarengan. Mugi-mugi menawi samangke sampun wekdal saking SMP N 1 Baturetno  paseduluran kita  mboten pedhot ing samadyaning dalan . Paseduluran punika saged awrit selamine. kaliyan mugi-mugi rencang-rencang dados tyang ingkang sukses dados migunani timrap kaluarga, bangsa sarta nagari.
Cekap semanten anggenipun kula matur. Nedhah kupat ing wonten sonten, sedaya lepat nyuwun ngapunten.

Wassalamu’alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar